Pages

Friday 12 October 2012

panetepan dina idul adha






Miturut agama Islam, ngibadah kaji iku intine wukuf ing Arafah, kayadéné sabda Nabi Muhammad saw.:

«اَلْحَجُّ عَرَفَةُ»

Ibadah kaji yaiku (wukuf) ing Arafah. (HR at-Tirmidzi, Ibn Majah, al-Baihaqi, ad-Daruquthni, Ahmad, lan al-Hakim. Al-Hakim berkomentar, “Hadits iki sahih, senadyan beliau kaloroné [Bukhari-Muslim] ora ngetokaké”).

Jroning hadits sing dituturaké déning Husain bin al-Harits al-Jadali mratélakaké yèn amir Makkah naté, banjur ngendika:

«عَهِدَ إِلَيْنَا رَسُولُ اللهِ e أَنْ نَنْسُكَ لِلرُّؤْيَةِ فَإِنْ لَمْ نَرَهُ وَشَهِدَ شَاهِدَا عَدْلٍ نَسَكْنَا بِشَهَادَتِهِمَا»

Rasulullah saw. wis paring pesen marang kita supaya ngayahi ibadah kaji miturut ru’yat (hilal Dzulhijjah). Yèn kita ora bisa nyeksèkaké, banjur ana loro seksi adil (sing nyeksèni), mula kita kudu ngayahi manasik miturut kaseksèn mau. (HR Abu Dawud, al-Baihaqi lan ad-Daruquthni. Ad-Daruquthni berkomentar, “Hadits iki isnadé sinambungan, lan sahih.”).

Hadits iki njlèntrèhaké: Pisanan, yèn ibadah kaji kudu didhasaraké marang asil ru’yat hilal 1 Dzulhijjah, saéngga kapan wukuf lan Idul Adhané bisa ditetepaké. Kaping loro, pesen Nabi marang amir Makkah, minangka panguwasa wilayah, papan ing ngendi perhelatan kaji dilaksanakaké, supaya ngayahi ru’yat; yèn ora kasil, banjur ru’yat wong liya, sing nyatakaké paseksèn marang amir Makkah.



sumber dari: jv.wikipedia.org

No comments:

Post a Comment