Pages

Friday 12 October 2012

idul adha -jv.wikipedia






Idul Adha (basa Arab: عيد الأضحى) iku sawijining dina riyaya Islam. Ing dina iki dipèngeti prastawa kurban, nalika nabi Ibrahim (Abraham), sing gelem ngurbanaké putrané Ismail marang Gusti Allah, banjur diganti karo wedhus déning kersaning Allah.

Kayadene Idul Fitri, Idul Adha uga ana shalat Ied. Sawisé shalat, banjur dianakake kurban minagka pratndha utawa pralambang Nabi Ibrahim kang kanthi iklas ngurbanake putrane, Ismail dumateng Gusti Allah.

Dina Riyaya Idul Adha iku ing tanggal 10 sasi Dulhijah, dina iki pas 70 dina sawisé Idul Fitri. Ing wayah Idul adha iku wong Islam ora dientuke pasa, haram ukume kanggo pasa.

Punjere riyaya Idul adha iku ana ing desa cilik ing Arab Saudi kang arane Mina, cedhak Mekkah. Ing kono ana tugu kang cacahe telu, kang dadi pralambang iblis. Nalika wayahe bada para kaji ing kana nglakoni ritual utawa upacara mbuwak jumrah. Ing kono para jemaah kaji ngantemi tugu kang cacahe telu iku mau ngganggo watu jumrah.

Bada Idul Adha iku dadi dina kang paling penting nalika ibadah kaji kanggo wong Islam.



sumber dari: jv.wikipedia

No comments:

Post a Comment